“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inu Kertapati. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Raden Inu Kertapati. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan. Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lawang didhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang.
Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inu Kertapati supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana. Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inu Kertapati sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candra Kirana. Raden Inu Kertapati banjur ngajak para punggawa bali mennyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inu Kertapati ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candra Kirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inu Kertapati karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.